NGONO YA NGONO, NING AJA KAYA NGONO

Wiwit mbiyen, para sesepuh Jawi iki tansah paring piweling, muga-muga anak putune ingedohake saka cacading manungsa sing diarani gedhe rumangsa. Aja dhemen gedhe rumangsa. Merga rumangsa sing kegedhen ora bakal klebu ing apa wae. Rumangsa sing kegedhen iku dadi sarwa sesak. Dilebokake nalaring liyan, sesak, mula banjur tinulak. Dilebokake atining liyan, ya sesak, mula mbanjur digeguyu. Kosok baline, aja nganti rumangsane awake dhewe iki banjur dadi keciliken. Mergo yen keciliken ya dadi sarwa logro. Lire, pijer mbrojol meta-metu, ora klebu. Manungsa dadi cilik aten, clingas-clingus, kaya bocah sing ilang wanine lan sirna anteping tekade.

Mula, ngelmu Jawi ngelingake, apa sing kebangetan kuwi mesthi ora trep kanggo panguripan. Tegese, aja nganti aku ginodha dening rasa arep mbanget-mbangetake. Dadi mbangetake anggonku gedhe iku kliru, nanging mbangetake anggonku cilik iku uga ora bener. Kebangetan anggone gedhe malah mung murugake sesak. Ning kebangetan anggonku cilik ya murugake aku logro. Sesak, ora bisa mlebu. Logro, ya mung meta-metu.

Amrih bisa ingedohake saka rasa arep mbanget-mbangetake, aku kudu eling wewarah sing kerep kepireng iki: Ngono ya ngono, ning aja ngono! Saka reroncening tembung, wewarah iku pancen mung prasaja. Nanging wewarah mau sejatine ngemot surasa sing jero. Lire, wewarah mau ngandarake bab dunungne kasampurnan. Kasampurnan mau dununge ora ana ing kiwa utawa tengen, gedhe utawa cilik, sugih utawa miskin, mulia utawa nista, bener utawa luput, ning ana ing tengah-tengahing kiwa lan tengen, gedhe lan cilik, sugih lan miskin, mulia lan nista, sarta bener lan luput. Kebangetan anggonku rumangsa gedhe, sugih, mulia lan bener, iku bakal njlomprongake aku ing rasa sumengah sesongaran. Tundhone, aku ya mung bakal rubuh. Kosok baline, kebangetan anggonku rumangsa cilik, miskin, nista lan luput, iku ya mung murugake aku dadi pinidak-pidak tanpa aji, paribasane, luwih aji cacing tinimbang dhiri pribadiku.

Mula kita kudu tansah ngupadi dalan tengah. Tegese kita prelu tansah ndunungake awak, amrih ora kegawa mrana-mrena, kintir ing kana-kene, nganti ora dhong babar pisan marang awake dhewe. Sejatine, dalan tengah, lan dunungake dhiri amrih aku dhewe sing dadi pancer lan punjering urip, yaiku mau sing dadi wosing wewarah para leluhur Jawi: Ngono ya ngono, ning aja ngono. Wewarah mau prelu diugemi, supaya kita ora rumangsa pinter-pintera dhewe, bener-benera dhewe, lan kajen-kajena dhewe. Aja kebangetan anggonmu mbanget-mbangetake dhirimu, yaiku sari patine wewarah Ngono ya ngono, ning aja ngono!

Nuwunsewu, katur ingkang sami pana ing pamawas, punika namung urun rembag kemawon.

Wallahu a’lam

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: